Pages

2/02/2010

Banjir Barang Cina

ASEAN karo Cina wis mbukak pasar bebas tahun 2010, akibate negara-negara anggotane bisa ekspor barang maring Cina lan ora kenang pajeg ekspor. Aturan kiye uga nggo sebalike, barang Cina sing mlebu ming negara ASEAN kudu bebas sekang pajeg. Seplirikan tah perjanjian kiye apik banget, ningen jebule malah negara-negara ASEAN pada klabakan. Kebanjiran barang Cina malah marekna mampet produksi barang lokal.

Jajal depikirna, ora nana perjanjian kuwe baen barang Cina wis mlarah-mlarah neng negarane dewek, regane murah pisan senajan kualitase ora nggenah. Siki diwalik jajal, barang apa sing dituku Cina sekang Indonesia? Apa enggane warga Ngapak kudu ekspor mendoan, ndog asin, gendeng, bata utawa tape ming negara Cina? Paling tekan nganah wis pada mambu, iya mbokan? Siki kepriwe carane ngadepi banjir barang Cina?

Inyong nemu pirang-pirang dalan sing kayane bisa dienggo, kiye contone (mangga pada nambahna penemune rika):
  1. Banjir barang sekang Cina bisa direm liwat sarat-sarat kualitas barang sing kenceng (halal/haram, kandungan bahan berbahaya dll)
  2. Inyong rika pada aja kesengsem karo barang murah, ning kudu dideleng kualitas lan keamananae nggo awake dewek. Wis akeh kedadean barang Cina marekna rai rusak sebab ana zat raksa (merkuri), plastik lan pewarna sing dienggo gawe dolanan bocah uga akeh sing ora aman nggo bocah cilik. Australia tau mbalekna dolanan bocah sekang Cina sebab plastike lan pewarnane ngandung racun.
  3. Akeh panganan Cina sing ora aman, ana sing nganggo formalin lan melamin.
  4. Keramik sekang Cina (piring, mug, teko) kabare pewarnane ngandung merkuri, kuwe bisa marekna kanker.
Mulane sedulurku kabeh, sing pada ngati-ati ya, aja pada golet barang murah tapi kelalen karo keslametane awake dewek. Apa gunane olih barang murah, nek biaya nggo nambani mriange dewek lewih akeh. Iya nek mari, lha nek bablas kepriwe jajal?

Ningen nyong uga sadar akeh barang Cina sing apik-apik, sing penting wong tuku kuwe ratu, sing nyekel duwit kuwe rika. Dadi terserah rika arep nggo ngapa, nek inyong tah daripada tuku kembang gula Cina lewih apik nggo tuku grebi ming tanggane dewek. Murah, meriah tur olihe akeh pisan.....wareg..

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.