Pages

2/02/2010

Tuyul Neng ATM

Kawitan taun 2010 akeh gegeran, ana rame-rame bank Century njuran ditambah maning karo akeh sing kelangan duwit sekang ATM (Anjungan Tunai Medeni). Alhamdulillah atm-e nyong sering diresiki dadi ora melu kelangan kaya liyane. Mulane sedulur-sedulur sing duwe duwit akeh neng atm...., tek emutna ya....rika kudu sing sregep gole mbersihi atm-e. Nek nganti kelewihen duwit, mengko dadi macet neng bank kepriwe jajal?

Kemajuan bank pancen mengeni tur mengini banget, wong pada gemrudug mbukak rekening neng bank. Terus atm-e pada didaekna bandul kalung nggo pranti digawa ming sawah. Mbok Darisem malah kemlitak pisan, tuku dage setangkep baen mbayare karo kartu debit (padune men olih gratisan ndean ya). Batire inyong pada melu-melu gawe kartu kredit, jerene ben tambah perlente. Nyong jane arep gawe kartu kredit, ningen koh kelurahan ora gelem ngurusina, jerene urung ana prentah sekang pemrentah pusat. Mengko nek wis mangsane kabeh warga miskin kaya inyong arep diwei kartu kredit neng pemerintah. Dadi nek arep berobat ora usah nganggo askeskin maning, cukup kartu kredit kuwe diusrek-usrekna mengko duwite metu dewek. Ajaib temen ya, ningen kapan kuwe bisa kelakon?

Walah malah nyong nglantur ming endi ora, nyong arep ngemutna rika pada sedulur. Nek ana barang anyar, tapi koh rika durung mudeng pisan maring barang kuwe mau...., inyong weling rika aja girig melu-melu ya. Mbok kesasar utawa kelombon..., jaman susah kaya kiye wong pada gawe polah supaya olih duwit akeh ora kesel. Halal utawa haram wis ora dianggep, sing penting wetenge mlentus....ya wis.

Eee...moga-moga inyong karo sedulur kabeh, diwei kekuatan men tetep sadar, sabar ngayahi kewajiban lan netepi apa sing dadi dawuhe pengeran. Moga-moga awake dwek diparingi slamet neng dunya lan akhirate...AMIEN.

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.