Pages

2/01/2010

Inyong

Inyong Blakasuta kuwe nggon jugurane kabeh warga ngapak sekang Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen, Tegal, Slawi, Pemalang, Batang, Wonosobo lan kabeh nggon sing ana warga ngapake. Blog kiye ora dimaksudna nggo nukulna rasa kesukuan utawa kedaerahan, ning malah supaya dadi panggonan silaturahmi warga ngapak, utamane sing sering online.


Inyong Blakasuta kuwe artine inyong arepan jujur lan apa anane neng babagan ucapan utawa tindak tanduke. Sifat jujur, terus terang lan apa anane wis kondang dadi sifat dasare wong ngapak sing kudu tetep dijaga. Sangsaya tua jamane, sifat kaya kiye suwe-suwe luntur, nyatane siki akeh wong sing pegaweane nglomboni, culas ucapan lan tindak tanduke. Moga-moga inyong rika pada teyeng dadi wong sing BLAKASUTA.

Sedulur-sedulur sing kersa nyumbang tulisan mangga dikirim maring layang elektronike inyong musida.web.id(at)gmail.com. Rika uga bisa ndaftar dadi penulis anggota neng blog kiye, sarate kudu duwe alamat akun gmail. Tulisan kudu nganggo basa Ngapak, nek bisa sing mbleketaket pisan, nganggo kata-kata sing wis arang ditemukna neng basa Ngapak jaman sekiye. Mayuh bareng-bareng pada ngramekna blog wong penginyongan kiye.

Moga-moga blog kiye bisa manpangat nggo masyarakat, kesuwun lan kelilaaannn...

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.