Pages

2/01/2010

Udan Kemriyik

Neng Purwokerto meh saben dina udan, molai jam 13-an gluduge wis ngabani, bar kuwe kratak-krataaak udane teka. Ning udane siki ora baen-baen, rasane gurih pisan, kemriyik ora rampung-rampung. Seperangan wong kota ana sing ngarani "udan crispy", saking kemriyike.

Udan sing dur-duran marekna wong pada betah neng ngumah, sing kerja lan sekolah pada betah neng kantor utawa sekolahan sebab keponto ora teyeng bali. Wong sing males tambah malese, sedina-dina mung tura-turu tok. Sing melasi wong dagang, warunge pada kebek wong nganti pada usel-uselan, ningen mung pada ngaub tok. Ee...alhamdulillah, senajan dagangane bobor tapi ora kurang banyu.

Senajan wis madan kasep, nyong njajal nggawe blog khusus nggo grup "INYONG BLAKASUTA" sing ana neng facebook. Kabeh tulisan neng blog kiye bakal nganggo basa ngapak sing medok pisan. Etung-etung nggo nguri-uri ben basa ngapak ora pada ilang, utamane basa medok sing mung ana neng ndesa tur ndesit (=ndesaaa banget). Blog kiye uga dadi pidekan nggo nggawe situs web bahasa se-nusantara, INSYAALLAH bakal kelakon. Sebab inyong wong Purwokerto, ya tek gawe disit basa ngapak, kaya kuwe toli?

Blog kiye dijenengi INYONG BLAKASUTA, inyong artine AKU/SAYA/KULA/DALEM/INGSUN; blaka artine JUJUR/TERUS TERANG/BLAK-BLAKAN; suta artine APA ANANE/ORA TEDENG ALING-ALING. Nek desambung nduweni maksud inyong arep jujur apa anane ora tedeng aling-aling. Muga-muga inyong rika pada teyeng nglakoni BLAKA lan SUTA, gampang pengucape ningen abot lakonane.

Para kadang kabeh sing tek tresnani, sing demen terus terang lan kejujuran (BLAKA), seneng sing apa anane (SUTA) mangga pada juguran bareng karo inyong. Mayuh pada ngramekna blog kiye karo komentar nganggo basane rika pada sing semedok-medoke. Nek kepengin pada srawung karo dulur liyane, mangga pada juguran bareng neng INYONG BLAKASUTA.

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.