Pages

2/01/2010

Sawah Watu

Dina minggu wingi inyong mlaku-mlaku turut kali Logawa, ningen kanine siki wis sejen banget karo gemiyen pas cilikane inyong. Ganu esih akeh watu gede neng pinggir lan tengah kali, siki mung gari krikil tok karo cangkang bangkang. Watune wis entong dejimoti nggo gawe umah, watu cilik sing sekepel-kepel saben dina detutuki nggo gawe split, wedine dekeduki saben dina. Siki kaline dadi rata kaya blumblang baen.


Inyong sih ya ora mentala ngarani ala maring wong sing pada njukuti watu, ningen koh ya madan melas karo sing duwe sawah neng pinggir kali. Banyu kali siki miline deres pisan sebab langka pagolan watu. Akhire akeh sawah pada dungkar kepangan kali Logawa sing siki dadi tambah ngragas. Mangsan udan nambah susahe wong tani, saben taun kaline tambah amba, ningen sawahe dewek dadi kalong. Keprimen ya gole ngrampungi perkara kaya kiye? Sapa jane sing kudu ngatur?

Ora mung sawah sing pada dungkar kepangan kali, nyong malah nemu sawah sing sengaja didungkari. Ana pirang kotakan sawah sing disewakna nggo diarah watune. Lemahe didungkari, dikodeki watu lan pasire neng pemborong. Langka watu neng kali, apa daya sawahe ya kena. Wiiiis jaannn...nek depikir-pikir koh menungsa tambah suwe tambah nglalu uripe. Pada nggugu karepe dewek ora ndeleng kiwe tengene, kaya-kaya matane wong siki pada mendelo ningen ora weruh. Mengko nek ana musibah nembe pada melek maning, ningen kadang-kadang gole melek wis telat. Meleke mung sedela tok, bar kuwe merem maning selawase....amit-amit. Durung mengko nek watune wis entong dikeduki, sawahe dadi rata karo kali, malah lewih jero, lha nek kaya kiye apa ora pada baen karo ngambakna kali?

Mangga sedulur pada njaga lingkungane, kaline ben tetep bersih. Mengko nek iklime owah tambah akeh, wong bakal kangelan banyu nggo nyukupi kebutuhan sedina-dinane. Nek kaline wis ireng kaya kalimalang neng Jakarta, mbanjur arep pada ngangsu ming endi. Apa pada gelem nginum banyu comberan lan ngumbahi klambi nganggo belet? Mumpung durung kebanjur, mayuh age-age pada sadar njaga lingkungane...moga-moga anak putune dewek esih pada teyeng ngrasakna lumban neng kali gede, kayane jaman cilike inyong.

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.