Pages

8/25/2011

Kuntul bis kuntul baris

Jamane inyong cilik, neng lapangan kodim Purwokerto ana wit sing kebek kuntul. Nek esuk-esuk kuntul-kuntul kuwe pada mabur ming ngulon, biasane menclok neng daerah Karanglewas. Wektu semana esih akeh sawah lan wit-witan gedhe, dadi kuntule pada betah. Sorene kuntul kuwe mau pada bali maning ming kota, menclok neng lapangan kodim.
Bocah-bocah biasa surak-surak karo nyanyi kuntul bis kuntul baris nek ana rombongan kuntul pada liwat. Ningen siki rombongan kuntul mau wis ora tau liwat, wis pada mati kabeh ndean. Utawa pindah ming Sokaraja, bareng karo pindahe kodim? He he..ya embuh lah, sing pesti inyong kangen ndeleng rombongan kuntul liwat...

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.