Pages

7/03/2011

Jebule dudu emas

Wulan Juni 2011 desa Kediri, Karanglewas, Banyumas geger moer nganti mlebu tv mbarang koh. Akeh wong pada kungkum neng kali Logawa, ngisor bendungan Kediri. Tujuane apa maning nek ora golet kesugihan, rika uga kepengin gelis sugih mbokan? Aja pada salah penyana lho..., carane nggolet pesugihan dudu ngarah tuyul neng kali Logawa, tapi pada nggoleti emas neng watu wadas.

Mulane sing ngarah emas mung wong pirang nggetil tok, tapi mbarang disiarna neng tivi wong-wong pada tumplek blek neng kali. Abot-abote nggolet duwit, ana wong sing nggawa anak bojone kon ngrewangi golet emas. Tapi baline pada mriang, awake gemreges kelebon angin. Lha...wong sedina kungkum neng kali, nganti kelalen madang. Jerene wetenge wis wareg sebab olih emas sekilo, dadi wong sugih kyeh...

Rasa bungah ilang blas mbarang bali sekang nggone bakul emas neng desa Pasir. Atine medegel, awake pada pegel, rasane kesel lan wetenge kemrucuk kepengin madang lawuh mendoan karo sambel. Oalaaahhh...emas sekilo sing kasile duduk watu wadas neng kali Logawa jebule dudu emas...tapi logam liya sing ora pengaji.

Sedulurku kabeh.....aja pada gampang percaya karo berita tivi, digenahna disit bener-orane, aja keburu nepsu lan kesusu.

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.