Pages

2/07/2010

Imleke Kang Sarmin

Dela maning Imlek utawa bada Cina arep teka. Akeh lampion sing pada depasang neng umahe sedulur-sedulur warga tionghoa. Klambi abang uga melu laris pisan, sebab neng dina imlek sedulur warga tionghoa pada seneng nganggo klambi warna abang campur karo warna emas, jerene men hoki utawa begya uripe. Miturut sing percaya, warna abang karo emas kuwe dadi lambang makmur jibar-jibur, duite akeh ora gelis entong.

Tanggane inyong sing jenenge Kang Sarmin kepengin pisan dadi wong sugih. Wis pirang-pirang cara dilakoni men olih rejeki sing akeh, kawit cara sing tinemu ngakal lan cara akal-akalan wis dijajal. Mulai masang wuwu neng kali, nganti masang togel. Ningen tekan seprene uripe esih susah baen, mung turune tok sing gampang banget, lelet kaya kitiran.

Ndeleng warga tionghoa pada nganggo klambi abang lan keemasan, Kang Sarmin melu-melu. Manut pikirane, nek melu nganggo serba abang rejekine bisa ketularan warga tionghoa. Teyeng duwe toko, umah apik, lemahe amba ditambah duwe selipan glepung sing wis suwe decitak-citakna. Kang Sarmin siki madan kreatip, deweke ora niru plek jiplek karo warga tionghoa. Klambi abang diganti nganggo sarung abang sing ana benang emase, jerene men tetep patut dadi wong jawa. Saben wengi sarung abange nggo kemulan, nek dina jemuah dinggo sembayang jemuah. Kayane sing njagong neng sebelahe Kang Sarmin mblenger pisan karo ambu sarunge sing apek njepek, kaya ambune karung beras raskin. Atine Kang Sarmin wis madep mantep, rejekine bakal jibar-jibur jalaran berkahe nganggo sarung abang mau.

Nah, kepriwe nasibe Kang Sarmin? Njajal mengko bar imlek pada detiliki, apa wis dadi wong sugih utawa wong stres....

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.