Pages

2/09/2010

Listrik Byar Pet

Dong mangsan terang listrik mota-mati baen, sekang tivi nungul kabar jerene akeh PLTA (pembangkit listrik tenaga air) sing ora bisa mlaku sebab ora keduman banyu. Inyong ya ngandel baen, mengko nek mangsan udan mesti listrike ora byar pet maning, soale waduke wis kelewihen banyu. Ningen nyatane kepriben jajal...., listrike esih mota-mati baen. Jerene wong gedean kuwe wis pada pinter-pinter, ning koh pintere dienggo nglomboni wong cilik kaya penginyongan, dayuun dayun.....neng endi kowe?

Wingi nyong krungu brita maning, jere PLN kuwe mlebu BUMN sing paling gede bandane. Artine...kudune PLN kuwe ora kurang duwit nggo gawe listrik, nyatane kepriben jajal? Komputere inyong dadi bodol gara-gara listrike munggah mudun wara-wiri.  Elco sing neng power supply pada njeblug, harddisk kenang bad sector...malah ketambahan virus sisan. Olalah...nasiiib...nasib, pancen nasibe wong cilik nggo dolanan wong gede, nasibe barang elektronik nggo dolanan PLN. Enggane karepe apa janen., kepengin mundak bayarane..nyong wis gelem mbayare ora tau lat. Senajan bayane bola-bali mundak, nyong ora nolak...tapi koh walesane kaya kiye. Atiku medegel pisan kepengin mbrengkolang, ningen sapa sing pantes dibrengkolang ya? Sedulur-sedulur sing tivine njeblug aja pada medegel ya...., mengko toli ketambahan maning gari kulkase utawa radione melu mbledug. Jajal baen ngonoh....

Ngalami kedadean kaya kiye nyong dadi kemutan jaman nonton tivi nganggo aki, mememi batu neng payon....ningen koh jaman semono nyong ora medegel ya. Ningen nek siki kon bali ming jaman gemiyen aning ya inyong ora sanggup. Lha keprimen maning...siki apa-apa serba nganggo listrik. Tapi tenang baen sedulur...., inyong duwe ide anyar! Miturut rika, keprimen nek awake dewek pada pasang panel surya? Lumayan sisan nggo nganti seng sing wis pada borot. Tapi regane pira ya?

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.