Pages

2/09/2010

Leptop Ora Teyeng Nyaut Hotspot

Jaman siki neng endi-endi akeh hotspot (dlemok anget), ana sing gratis lan ana sing kudu mbayar. Mulane bocah nom -noman siki akeh sing pada glasahan njaluk leptop maring rama biyunge. Tanggane nyong nganti derewangi adol wit klapa 10 nggo nukokna leptop anake lanang. Moga-moga baen leptope bisa kanggo sing manpangat. Mung rika pada kudu ngati-ati nek arep tuku leptop...., sebab akeh leptop sing maen modele tur regane murah ningen madan lendeg.



Critane nyong duwe kanca sing kepengiiiin...pisan tuku leptop, terus deweke tuku leptop cilik sing wernane jambon. Nek dideleng modele sing mantep pisan, ningen mbarang dienggo koh kangelan gole nyaut sinyal ndlemok anget (hotspot). Jebule mbarang detiliki alat penerima sinyale sing kurang kenceng. Akhire kancaku kuwe mung dlangap-dlongop ndelengna kancane sing pada teyeng nyaut sinyal.

Mulane seduluuur...aja gampang kepencut barang murah tapi ora genah kwalitase.... Mending larang semendil, tapi awet lan apik kwalitase.

No comments:

Post a Comment

Mangga pada komentar apa bae neng kene. Arep serius kena, mung nggedebus tok ya ora papa.

Original design by Six Shooter Media. To Blogger by Template-Godown
© All your copyright information here.